Kamis, 07 Februari 2013


Maulud Nabi ring Banyuwangi
Ditulis : Drs. Moh. Syaiful
            Kadung wis mlebu Ulan Mulud ring penanggalan Jowo utawa Ulan Rabi’ul Awal ring penanggalan Arab (Tahun Hijrah) masyarakat Banyuwangi pada kemrungsung anggone mapag ulan kang  diengeti iki. Ring Ulan iki Masyarakat Banyuwangi umume mbedhel celengane kanggo ngramekaken lan nggedhekaken Ulan kang dianggep istimewa iku. Meh saben-saben desa utawa kampung-kampung ring Banyuwangi jenggirat anggone mapag Ulan iki. Masjid lan langgar dilabur nganggo kapur makne soyo putih lan rijik katone, mergane adat iki biasane manggon ana ring masjid utawa langgar.
            Muludan ring Banyuwangi mestine sing keneng dipisahaken ambi Sholawatan Nabi ring Banyuwangi biasane diarani Serakalan. Serakalan iku ngaji kitab Barjanji. Serakalan iku asale teko Asroqol yoiku salah sijine ucapan utawa kalimah ring kitab Barjanji kang digawa ring macaane. Ring Serakalan iki isine puji-pujian kanggo klahirane Kanjeng Nabi Muhammad. Ring kana Barjanji diwaca bareng ambi lagu kan wis diajarna turun temurun. Macaan Barjanji biasane saut-sautan ana kang nggawa ana kang njawab.
            Serakalan biasane acara kang inti ring ulan Mulud, sakdurunge masyarakat biasane nggawe  Ancak. Ancak iku panganan arupo sego, iwak, lan jangane pisan kang diwadahi papan teko gedebog kang digawe pesagen dipangklang ambi sigarane jajang, terus dibungkus godhong digawa nyang Masjid utawa Langgar kanggo mangan bareng sakmarine serakalan.
            Sakliyane Ancak-ancakan Muludan biasane yo sing lali Ngarak Kembang Endhog mubengi kampung.  Kembang endhog iku digawe teka kuluban endhog kang disundukaken ring jajang kang dawane rong kilan aju direnggo ambi kembang kertas. Kembang endhog iku dudu memengan lan dudu mung rerenggan. Kembang endhog duwe perlambang kang jeru. Endhog ngelambangaken kelahirane Nabi Muhammad, jajang (garing) ngelambangaken garinge iman, kembang kertas ngelambangaken indahe iman. Dadi kembang endhog iku nduweni maksud, kahanan garinge iman ring Mekah jaman semono, serta Nabi Muhammad lahir, edheng-edhengan ring Mekah kembang-kembang iman mekar semebar. Ring jaman saiki wujude kembang Endhog wis arupo-rupo dudu mung wujud kembang baen tapi  macem-macem, ana kang wujud Barong-barongan, kapal-kapalan, ulo-uloan, lan liya-liyane kang penting bisa nggawe dhemen wong kang nyawang utamane lare cilik. Mergane iku kelebu Sunnah Nabi yoiku nyenengaken wong liyo utamane lare-lare cilik.
            Nalika arak-arakan, kembang endhog dipajang ring gedebog, ditancepaken jejer mundhuwur kaya gunungan kang diarani jodhang.  Jodhang-jodhang mau diarak ana kang diwot montor ana ugo kang diwot becak lan dongkar.  Iki asale bengen minangka kanggo siar islam dadine saiki dadi adat lan tradisi kang diwarisi masyarakat Banyuwangi. Jejeran endhog sundukan ring gedebog iku diarak ambi kesenian Terbang Kuntul . Terbang iki biasane nganggo terbang kang akehe paling sithik 7 terus ditambah Jidor (meh koyo Bedhug Gedhe) ditambah Pantus (Bedhug tanggung), Lencangan (Bedhug cilik), kempul (Gong cilik), Kethuk (koyo Bonang cilik) lan ditambahi orgen cilik dinggo nggawa gendinge. Gendhing kang digawa biasane gendhing Sholawatan Nabi utawa gendhing-gendhing islami liyane. Iku asal  bengene naming saiki wis macem-macem kesenian ana kang ngarak ambi Barong, ana ugo kang ngarak ambi Drumband. Gendhinge yo wis macem-macem, Gendhing Banyuwangian, Kendhang Kempulan, ana ugo maning kang Gendhing Dhangdutan lan lagu Pop saiki.









Tugas.
Gaweo Soal Pilihan ganda kang akehe 10 teko bab Muludan Ring Banyuwangi!